Sejarah
Bilih nalika jaman penjajahan Belanda, dusun Kadipolo punika mlebet kalurahan Wotgaleh, Kapanewon Berbah, Kawedanan Kotagede, Kabupaten Bantul.
Sasampunipun pemerintah Kolonial Belanda dipun kawonaken Jepang. Bangsa Jepang ingkang sewau janji : sebagai saudara tua - ingkang tetulung maringi kebebasan, kasunyatan malah gantos njajah. Para muda dipun ajari ilmu perang lan dipun dadosaken Tentara Pembela Tanah Air utawi PETA. Wonten ing wilayah Wotgaleh dipun komandani Bp R. Soemadi.
Kagem rencana perang ageng ngadepi Sekutu (Inggris & Amerika), lapangan terbang badug (Maguwo) karaos kirang wiyar. Mila perlu dipun wiyaraken. Wilayah Kalurahan Wotgaleh dados sasaran, kawiwitan saking dusun Padasan, Blimbing, Karangtjilik, Ngaglik, Klayar, Maredan, Wotgaleh, Karangtengah, Noyokerten, Babadan, lan Kadipolo, dipun sambut kagempersiapan perang besar melawan Sekutu kanti sloganipun : Inggris kita linggis - Amerika kita seterika!!! Dusun-dusun dipun bangun waal lan lokrap, ingkang patilasan taksih wonten, saged dipun pirsani ngantos sapriki.
Tanggal 19 wulan Nigatsu tahun 2605 (tahun Jepang) tahun Masehi 1943 Pemerintah Jepang dipun wakili Pemerintah Daerah supados ngicali Kalurahan Wotgaleh. SK penghapusan kelurahan Wotgaleh katapak asmanidening Pangeran Haryo.
Dusun Kadipolo dados lapangan, pendudukipun sami pados pangungsen piyambak-piyambak. Penjajahan Jepang ngantos 3,5 tahun laminipun. Tanggal 15 Agustus 1945, Hiroshima lan Nagasaki dipun dawahi Bom Atom dening Amerika. Sanyata Jepang menyerah tanpa syarat. Penjajahan ing negari kita ugi berakhir. Penduduk bekas Kelurahan Wotgaleh ingkang sampun sami ngungsi wangsul malih dateng kampung halamanipun. Sasampunipun Kalurahan Wotgaleh dipun icali, pemerintahan peralihan mapan wonten ing dusun Klodangan. Lurahipun bekas Carik desa Wotgaleh Bp. R. Djawadi.
Dene Perjuangan nyuwun wangsulipun hak atas tanah desa Witgaleh kawiwitan tahun 1946. Kanti alasan : tembungipun rumiyin dipun sambut kagem persiapan perang, sak menika boten wonten perang, malah Jepangipun sampun boten wonten mriki malih. Penduduk dipun purih kesah tanpa dipun ganti papan enggal.
Dados wajar penduduk nyuwun wangsul sitinipun. Mantan lurah desa Wotgaleh, Bp. R. Puspodihardjo ngungsi dateng Pakem. Wonten ing Pakem punika tepang kaliyan Panewu Pakem Bp. BRM. Prodjowilogo. Panjenenganipun paring pengarahan, supados ngajengaken pengaduan dateng Pemerintah Daerah. Tahun 1948 geger Belanda ingkang kawastan Clesh II perjuangan mandeg sawetawis. Sasampunipun aman tuntutan kalajengaken malih. Wongsal wangsul dereng wonten hasilipun. Tahun 1952 Bp. BRM. Prodjowilogo sampun minggah pangkat dados Sekretaris Pemerintah Daerah, kantoripun wonten ing Kepatihan. Panjenenganipun kraos welas pirso tiang dusun sami pating kleler. Mila lajeng nganjuraken supados ingkang sami pepe (demo) langkung katah malih, waton datengipun mboko sekedik lan tertib. Warga Wotgaleh ingkang nyuwun wangsul siti katah lan kanti tertib lenggah wonten ing halaman Kepatihan. Semboyanipun : boten bade wangsul yen panuwunipun dereng dipun kabulaken. Akhiripun Pepatih dalem KRT. Dipodiningratnimbali sesepuh warga Wotgaleh. Tuntutan dipun kabulaken lan warga kedah wangsul kanti tertib. Proses pengembalian secara administratib bade kaatur salajengipun.
Wusana medal Serat Keputusan saking Pemerintah ingkang terkenal kanti judul : SK 25 Maret dinten Selasa Pon tanggal 25 Maret 1952 Bekas wilayah Kalurahan Wotgaleh ingkang sewau kasambut kagem keperluan perang (kagem lapangan) dipun wangsulaken dateng HAK SEMULA.
Mila warga Kadipolo Babadan sami suka pari suka. Arak-arakan kanti kesenian slawatan saking Kadipolo nuju dateng dusun Babadan. Wonten warga ingkang ngusung keranda mayat (bandosa) dipun tumpaki tiyang gesang. Mralambangaken peristiwa prasasat : wis mati - urip maneh, Wis ilang bali meneh.
Mekaten sejarah ringkas wontenipun tradisi Mangayu Bagya Prastawa 25 Maret mugi generasi muda lan para warga enggal saged memahami.
Ringkesipun :
Pengetan 25 Maret mujudaken ungkapan syukur nikmat warga Kadipolo dumateng Allah SWT sahenggo masyarakat Kadipolo tansah guyup rukun bersatu salamilaminipun Amin.
Naskah di perbaharui :
Di Konsep - Bpk. R. Herjuno (Alm)
Di Tulis - Bpk Sudarsono
Kadipolo 25 Maret 2012